Dikutip dari : Blognya Mas Xendro

GOLEKANA tapake kuntul anglayang! Ngendi ana ? Lan sapa wonge sing bisa nggoleki ? Mbok mubenga nganti muser-muser, kuntule dhewe, yen lagi nglayang ing awang-awang, ya ora bakal bisa nggoleki tapake. Apa maneh manungsa. Diperese nganti asat keringete, diputera nganti mumet akale, langka manungsa bisa meruhi tapaking kuntul anglayang mau.

Pancen tetembungan mau ora bakal tinemu ing nalar. Tetembungan mau klebu kawruhing kasampurnan, sing isbate mung bisa dionceki srana tirakat lan laku. Mula yen arep nggayuh kawruh tapaking kuntul anglayang mau, manungsa kudu nyuwungake kekarepan lan nalare. Lire, aja dheweke gondhelan ing sakabehing gegondhelan sing saiki digondheli. Padha sawangen kuntul sing mabur dhuwur ing awang-awang! Kuntul mau ora tau nyawang tilas tapake. Merga pancen ing awang-awang mau tapake ya ora ana. Kuntul mau bisane mung miber. Lan bisane miber, merga awake kesangga, sanadyan ora ana sing nyangga. Kesangga ning rasane ora ana sing nyangga, ya kuwi karep sing winengku dening isbating ”golekana tapaking kuntul anglayang”. Lan sepisan maneh, ngrasaake kesangga sanadyan ora ana sing nyangga bisa kelakon, yen manungsa bisa nyuwungake dhiri saka sakabehing gondhelaning uripe. Aja maneh mung raja brana, drajat lan pangkat, cekelan lan gamaning urip wae kudu diculake, yen manungsa pancen arep ngalami dhirine iki sejatine kesangga sanadyan ora ana sing nyangga.

Kawruh kasampurnan iki bisa diulur luwih dawa. Kaya dene aku bisa ngrasakake kesangga sanadyan ora ana sing nyangga merga aku suwung saka sakabehing kekarepanku, aku uga bisa ngraksakake menawa aku iku duweni sakabehing yen aku iki ora duwe apa-apa. Utawa meruhi sakabehe, merga aku ora weruh apa-apa. Apa dene, aku iki ngrasake menawa aku ini temen ana, merga aku rila menawa aku ora ana.

Yen kawruh mau wis winengku, sejatine aku wis lumebu ing dating Pangeran sing murbeng jagad raya iki. Ya dating Pangeran mau sing akarya nganti aku kesangga sanadyan ora ana sing nyangga. Ya dat mau sing murugake aku duweni sakabehe sanadyan aku ora duwe apa-apa. Lan ya dat mau sing anyipta aku ana sanadyan aku ora ana.

Aku, manungsa sing kebak ing kasekengan (kelemahan) lan kajiret ing bandha-bandhuning kadonyan, tangeh bisa ngrasuk ing dating Pangeran mau kanthi sampurna. Bisane mung icip-icip. Mula mangkene ature Suluk Sujinah: ”Dene mangan sapulukan tegeseipun, mung Allah kacipta, kalawan nyandang sasuwir, pujinira kawayang sajroning driya.” Peribasane, sanadyan mung sapulukan anggonku mangan, aku wis krasa tuwuk, anggere Pangeran tansah cinipta ing batinku. Lan sanadyan mung sasuwir anggonku nyandang, aku wis jangkep bebusanan, anggere Pangeran tansah pinuji ing batinku. Icip-icip sapulukan, nyandhang penganggo sasuwir, iku mau wis turah-turah tumraping uripku, anggere dating Pangeran sing dakicipi, lan busanane dat mau sing daksandang.